Skip to main content

Posts

Basa Sloveninujati

Aksara Jawa: ꦧꦱꦱ꧀ꦭꦺꦴꦮ꦳ꦺꦤꦶꦤꦸꦗꦠꦶ  Jinis: têmbung aran Undha usuk: ngoko-madya-krama Têgês: Basa kang  ana  gathukane  karo wangsa Sloveninu;  basa  kang  dinggo dening  tedhakturuning  wangsa Sloveninu. Basa Liya: Indhonesiyà:  Bahasa Slavik, bahasa Slavis Inggris:  Slavic language(s)
Recent posts

Sloveninujati

Aksara Jawa: ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦮ꦳ꦺꦤꦶꦤꦸꦗꦠꦶ  Jinis: têmbung kahanan Undha usuk: ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  sloveninu + jati Têgês: Angênani  wangsa Sloveninu Basa Liya Indhonesia:  Slavik,  Slavis English:  Slavic

Sloveninu

 Aksara Jawa:  ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦮ꦳ꦺꦤꦶꦤꦸ Jinis: têmbung aran  pantês Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: Saka  basa  Sloveninu Grija  Kuna  'Sloveninu' Dasanama: Slav, Slawi Têgês: Jênêng wangsa  kang ana  ing  laladan  Yuropah  Wetan. Basa liya Indhonesiyà:  Slav English: Slav

Grija Kalwinis (Kalwintantra)

Grija Kalwinis yaiku grija kang nganut katantraning Yohên Kalwin (John Calvin) nalika Kowahwujudan Protestan ing abad 16. Grija iki uga kasêbut Grija Protestan Kowahwujudan. Grija Kalwinis lumrahe beda kalawan Grija Lutêran ngênani saperangan kalamwidya lan ngênani adat suci kalêbu cara sêmbahyang. Grija Kalwinis ana kang nganut wujud paprentahan grija cara kaimaman lan uga ana kang nganut cara kabiskopan saengga nduweni biskop. Prathelan Pustaka: https://en.m.wikipedia.org/wiki/Calvinism

Grija Lutêran (Luterantantra)

Grija Lutêran yaiku grija kang nganut katantraning Marthin Lutêr nalika Kowahwujudan Protestan ing abad 16 kang kawiwitan saka tulisan kirah-irahan 95 Tesis ngênani panêmuning pikirane marang kahanan Grija Katolikos jaman iku. Papêcahing grija-grija Protestan kalêbu Grija Lutêran karo Grija Katolikos utamane amarga rong prakara yaiku prakara kakuwasan Paus kang dadi Biskop Rum lan prakara kalamwidya. Ngênani adat suci, Grija Lutêran lumrahe isih nganut cara sêmbahyang kang kurang luwih padha karo grija jaman sadurunge Kowahwujudan Protestan. Dene, grija-grija Protestan liyane lumrahe ora pati nganut adat suci grija jaman sadurunge Kowahwujudan Protestan. Grija Lutêran nganut saperangan cara sembahyang. Ing Ukrayinah, Grija Lutêran kang ana lumrahe nganut cara sêmbahyang grija-grija Wetan, kurang luwih. Prathelan Pustaka: https://en.m.wikipedia.org/wiki/Lutheranism

Grija Katolikos

Grija Katolikos uga kasêbut Grija Katolikos Rum yaiku grija kang kaulon dening  Biskop Rum utawa Paus ing kutha Watikan (Vatican), Itali. Kalamwidyane (akidah) nurut marang Sahadat Nikayah ananging beda karo kang dianut dening Grija Ortodhoksi ngênani masalah Filiyokwe (Filioque). Grija Katolikos pracaya yen grijane iku grija kang Tunggal, Suci, Bausarwa (Katolikos), lan Apostolos kang kadêgan dening Isa Al Masih lan biskope yaiku têdhakbañjure para Apostolos dene Paus yaiku têdhakbañjure Apostolos Simon kanthi kautaman linuwih. Grija Katolikos lumrahe ana kang nganut cara Latin utawa Wetan lan uga miturut ordho munitantra kang ana. Grija Katolikos tunggal komuni karo Grija Ortodhoksi nganti taun 1054 amarga prakara kayata kakuwasan Biskop Rum kang rumangsa sadhuwure biskop liya lan prakara Filiyokwe (Filioque). Grija Katolikos uga mêcah kalawan Grija Ortodhoksi Oriyental nalika Sidang Kalsedhon ing taun 451 amarga prakara kalamwidya. Grija Katolikos lan Grija-grija Protestan p...

Kapaksan ing Agama Nasrani

Agama Nasrani uwis ngrasakake saperangan papêcah saka jaman sidang wiwitan nganti jaman saiki. Papecah kang ana amarga prakara kang warna-warna kayata kalamwidya (akidah), tedhak bañjur apostolos, adiwidya, kakuwasan biskop, lan sapanunggalane. Papêcah kang paling utama yaiku nalika Grija Ortodhoksi lan Grija Katolikos pêcah ing taun 1045 lan bañjur uga mêcah Yuropah dadi rong laladan yaiku wetan lan kulon, miturut grijane kanthi umum. Ing Yuropah uga ana papêcah maneh yaiku antaraning Grija Katolikos lan Grija Protestan ing abad 15. Papecah kang ana bañjur nggawe kapaksan anyar. Ananging, saperangan grija jaman saiki ana kang ora gêlêm mêlu kapaksan ngêndi wae ananging manawa katlisik kapracayane lumrahe kalêbu kapaksan Protestan. Kapaksan utama grija Nasrani yaiku Grija Wetan, Grija Ortodhoksi Oriyental, Grija Ortodhoksi, Grija Katolikos, lan Grija Protestan. Kajaba iku ana uga grija-grija kang kanggêp bidaah dening grija-grija utama lan ora kanggêp grija Nasrani. Ing kapaksan ...