Skip to main content

Grija Katolikos

Grija Katolikos uga kasêbut Grija Katolikos Rum yaiku grija kang kaulon dening  Biskop Rum utawa Paus ing kutha Watikan (Vatican), Itali.

Kalamwidyane (akidah) nurut marang Sahadat Nikayah ananging beda karo kang dianut dening Grija Ortodhoksi ngênani masalah Filiyokwe (Filioque). Grija Katolikos pracaya yen grijane iku grija kang Tunggal, Suci, Bausarwa (Katolikos), lan Apostolos kang kadêgan dening Isa Al Masih lan biskope yaiku têdhakbañjure para Apostolos dene Paus yaiku têdhakbañjure Apostolos Simon kanthi kautaman linuwih. Grija Katolikos lumrahe ana kang nganut cara Latin utawa Wetan lan uga miturut ordho munitantra kang ana.

Grija Katolikos tunggal komuni karo Grija Ortodhoksi nganti taun 1054 amarga prakara kayata kakuwasan Biskop Rum kang rumangsa sadhuwure biskop liya lan prakara Filiyokwe (Filioque). Grija Katolikos uga mêcah kalawan Grija Ortodhoksi Oriyental nalika Sidang Kalsedhon ing taun 451 amarga prakara kalamwidya. Grija Katolikos lan Grija-grija Protestan pecah nalika abad 16 prakara saperangan prakara lan kapracayan ngênani sêmbahyang komuni. Ana uga Grija Katolikos Kuna (Old Catholic Church) lan sapanunggalane kang lumrahe nganut kapracayan kang padha karo Grija Katolikos ananging ora ngakoni kakuwasan Paus tartamtu lan kasil sidang-sidange kang lumrahe kanut dening Grija Katolikos.

Prathelan Pustaka:

https://en.m.wikipedia.org/wiki/Catholic_Church

Comments

Popular posts from this blog

Kapaksan ing Agama Nasrani

Agama Nasrani uwis ngrasakake saperangan papêcah saka jaman sidang wiwitan nganti jaman saiki. Papecah kang ana amarga prakara kang warna-warna kayata kalamwidya (akidah), tedhak bañjur apostolos, adiwidya, kakuwasan biskop, lan sapanunggalane. Papêcah kang paling utama yaiku nalika Grija Ortodhoksi lan Grija Katolikos pêcah ing taun 1045 lan bañjur uga mêcah Yuropah dadi rong laladan yaiku wetan lan kulon, miturut grijane kanthi umum. Ing Yuropah uga ana papêcah maneh yaiku antaraning Grija Katolikos lan Grija Protestan ing abad 15. Papecah kang ana bañjur nggawe kapaksan anyar. Ananging, saperangan grija jaman saiki ana kang ora gêlêm mêlu kapaksan ngêndi wae ananging manawa katlisik kapracayane lumrahe kalêbu kapaksan Protestan. Kapaksan utama grija Nasrani yaiku Grija Wetan, Grija Ortodhoksi Oriyental, Grija Ortodhoksi, Grija Katolikos, lan Grija Protestan. Kajaba iku ana uga grija-grija kang kanggêp bidaah dening grija-grija utama lan ora kanggêp grija Nasrani. Ing kapaksan ...