Skip to main content

Grija Ortodhoksi Oriental

Grija Ortodhoksi Oriental yaiku pakumpulan kabiskopan grija-grija kang ana ing Armeniyah, Mêsir, Eritreyah, Etiyopi, Sudan, Barata, lan laladan Wetan Tengah liya ingkang kalamwidyane (akidahe) miyapisitismos.

Grija Ortodhoksi Oriyental mêcah saka Grija Kraton Bijantin Rum nalika Sidang Kalsedhon ing taun 451. Grija iki bañjur kababonake ana ing kutha Aleksandriyah Mêsir kanthi salah sawijining tilas pañcabiskop.

Grija Ortodhoksi Oriyental ngrêteni saperangan cara sêmbahyang yaiku cara sêmbahyang Armeniyah, Suriyah Kulon, lan Aleksandriyah.


Prathelan Pustaka:

https://en.m.wikipedia.org/wiki/Oriental_Orthodoxy

Comments

Popular posts from this blog

Kapaksan ing Agama Nasrani

Agama Nasrani uwis ngrasakake saperangan papêcah saka jaman sidang wiwitan nganti jaman saiki. Papecah kang ana amarga prakara kang warna-warna kayata kalamwidya (akidah), tedhak bañjur apostolos, adiwidya, kakuwasan biskop, lan sapanunggalane. Papêcah kang paling utama yaiku nalika Grija Ortodhoksi lan Grija Katolikos pêcah ing taun 1045 lan bañjur uga mêcah Yuropah dadi rong laladan yaiku wetan lan kulon, miturut grijane kanthi umum. Ing Yuropah uga ana papêcah maneh yaiku antaraning Grija Katolikos lan Grija Protestan ing abad 15. Papecah kang ana bañjur nggawe kapaksan anyar. Ananging, saperangan grija jaman saiki ana kang ora gêlêm mêlu kapaksan ngêndi wae ananging manawa katlisik kapracayane lumrahe kalêbu kapaksan Protestan. Kapaksan utama grija Nasrani yaiku Grija Wetan, Grija Ortodhoksi Oriyental, Grija Ortodhoksi, Grija Katolikos, lan Grija Protestan. Kajaba iku ana uga grija-grija kang kanggêp bidaah dening grija-grija utama lan ora kanggêp grija Nasrani. Ing kapaksan ...