Grija Ortodhoksi kajupuk saka tembung Ellas yaiku /ortodoksia/ kanthi têgês jêjêg utawa bênêr. Kalamwidya (akidah) Grija Ortodhoksi adhadhasar Sahadat Nikayah. Grija Ortodoksi ngajarake yen grijane ingkang Tunggal, Suci, Bausarwa (katolikos) lan Apostolos kadegan dening Isa Al Masih dene biskope yaiku tedhak banjuring para apostolos. Grija ortodhoksi pracaya yen grijane nindakake / solahgawe kapracayan Nasrani wiwitan lan kawêdhunake kanthi adat suci. Dene kabiskopane yaiku tilasing pañcabiskop jaman wiwitan.
Grija Ortodhoksi lan Grija Katolikos tunggal komuni nganti papecah nalika taun 1054 amarga saperangan kapracayan lan kakuwasan biskop Rum. Sadurunge, Grija Ortodhoksi uga tunggal komuni karo Grija Wetan (Church of the East) nganti taun 431 lan karo grija ortodhiksi oriyental nganti taun 451.
Grija Ortodhoksi awujud pakumpulan saka kabiskopan kang ana dene antaraning kabeh biskop ora ana kang luwih kuwasa. Ananging, biskop kostantinopolis luwih dikurmati lan kanggep pambarep dening biskop liyane.
Grija Ortodhoksi umume akeh kang manggo ing laladan Russiyah, Yuropah Wetan, Ellas, uga saperangan laladan ing Wetan Tengah. Ananging, ing jaman anyar ika Grija Ortodhoksi uga ana ing nagara liya kayata Amerikah, laladan Yuropah liyane, nagara-nagara ing Aprikah lan Asiyah.
Prathelan Pustaka:
https://en.m.wikipedia.org/wiki/Eastern_Orthodox_Church

Comments
Post a Comment