Skip to main content

Grija Ortodoksi Suriyah

Grija Ortodoksi Suriyah (Basa Suriyah Kawi: ܥܺܕܬܳܐ ܣܽܘ̣ܪܝܳܝܬܳܐ ܬܪܺܝܨܰܬ ܫܽܘ̣ܒ̣ܚܳܐ‎, cara Latin: ʿIto Suryoyto Triṣaṯ Šuḇḥo; Basa Arab: الكنيسة السريانية الأرثوذكسية‎) kang uga kasebut Kabiskopan Ortodoksi Suriyah lan Kabeh Wetan yaiku salah sawiji grija ortodhoksi oriyental kang swakwasa, dening Severus saka Antakya taun 518 M. kang kaprabawan dening Yakkub Bardeyus lan niti kababadane katug jaman apostolos Simon lan Paul.

Cara sembahyang sing kanggo yaiku saka Santo Yakobus kang dadi bapa agama ing Yêrusalem. Cara sembahyang kalakon ing basa Suriyah. Biskop kang saiki sewaka yaiku Ignatius Aphrem III saka taun 2014 ing Katedral Santo Gorgiyus kutha Damaskus.

Aji kang dinggo yaiku Alkitab jinis Pesittah, dene akidah kang dianut yaiku miyapitismos.

Sadulur grija kang ana ing Barata yaiku Grija Cara Yakobus Malankara lan Grija Ortodhoksi Malankara.

Prathelan Pustaka

https://en.m.wikipedia.org/wiki/Syriac_Orthodox_Church

Comments

Popular posts from this blog

Kapaksan ing Agama Nasrani

Agama Nasrani uwis ngrasakake saperangan papêcah saka jaman sidang wiwitan nganti jaman saiki. Papecah kang ana amarga prakara kang warna-warna kayata kalamwidya (akidah), tedhak bañjur apostolos, adiwidya, kakuwasan biskop, lan sapanunggalane. Papêcah kang paling utama yaiku nalika Grija Ortodhoksi lan Grija Katolikos pêcah ing taun 1045 lan bañjur uga mêcah Yuropah dadi rong laladan yaiku wetan lan kulon, miturut grijane kanthi umum. Ing Yuropah uga ana papêcah maneh yaiku antaraning Grija Katolikos lan Grija Protestan ing abad 15. Papecah kang ana bañjur nggawe kapaksan anyar. Ananging, saperangan grija jaman saiki ana kang ora gêlêm mêlu kapaksan ngêndi wae ananging manawa katlisik kapracayane lumrahe kalêbu kapaksan Protestan. Kapaksan utama grija Nasrani yaiku Grija Wetan, Grija Ortodhoksi Oriyental, Grija Ortodhoksi, Grija Katolikos, lan Grija Protestan. Kajaba iku ana uga grija-grija kang kanggêp bidaah dening grija-grija utama lan ora kanggêp grija Nasrani. Ing kapaksan ...