Skip to main content

Posts

Showing posts from July, 2019

Grija Kalwinis (Kalwintantra)

Grija Kalwinis yaiku grija kang nganut katantraning Yohên Kalwin (John Calvin) nalika Kowahwujudan Protestan ing abad 16. Grija iki uga kasêbut Grija Protestan Kowahwujudan. Grija Kalwinis lumrahe beda kalawan Grija Lutêran ngênani saperangan kalamwidya lan ngênani adat suci kalêbu cara sêmbahyang. Grija Kalwinis ana kang nganut wujud paprentahan grija cara kaimaman lan uga ana kang nganut cara kabiskopan saengga nduweni biskop. Prathelan Pustaka: https://en.m.wikipedia.org/wiki/Calvinism

Grija Lutêran (Luterantantra)

Grija Lutêran yaiku grija kang nganut katantraning Marthin Lutêr nalika Kowahwujudan Protestan ing abad 16 kang kawiwitan saka tulisan kirah-irahan 95 Tesis ngênani panêmuning pikirane marang kahanan Grija Katolikos jaman iku. Papêcahing grija-grija Protestan kalêbu Grija Lutêran karo Grija Katolikos utamane amarga rong prakara yaiku prakara kakuwasan Paus kang dadi Biskop Rum lan prakara kalamwidya. Ngênani adat suci, Grija Lutêran lumrahe isih nganut cara sêmbahyang kang kurang luwih padha karo grija jaman sadurunge Kowahwujudan Protestan. Dene, grija-grija Protestan liyane lumrahe ora pati nganut adat suci grija jaman sadurunge Kowahwujudan Protestan. Grija Lutêran nganut saperangan cara sembahyang. Ing Ukrayinah, Grija Lutêran kang ana lumrahe nganut cara sêmbahyang grija-grija Wetan, kurang luwih. Prathelan Pustaka: https://en.m.wikipedia.org/wiki/Lutheranism

Grija Katolikos

Grija Katolikos uga kasêbut Grija Katolikos Rum yaiku grija kang kaulon dening  Biskop Rum utawa Paus ing kutha Watikan (Vatican), Itali. Kalamwidyane (akidah) nurut marang Sahadat Nikayah ananging beda karo kang dianut dening Grija Ortodhoksi ngênani masalah Filiyokwe (Filioque). Grija Katolikos pracaya yen grijane iku grija kang Tunggal, Suci, Bausarwa (Katolikos), lan Apostolos kang kadêgan dening Isa Al Masih lan biskope yaiku têdhakbañjure para Apostolos dene Paus yaiku têdhakbañjure Apostolos Simon kanthi kautaman linuwih. Grija Katolikos lumrahe ana kang nganut cara Latin utawa Wetan lan uga miturut ordho munitantra kang ana. Grija Katolikos tunggal komuni karo Grija Ortodhoksi nganti taun 1054 amarga prakara kayata kakuwasan Biskop Rum kang rumangsa sadhuwure biskop liya lan prakara Filiyokwe (Filioque). Grija Katolikos uga mêcah kalawan Grija Ortodhoksi Oriyental nalika Sidang Kalsedhon ing taun 451 amarga prakara kalamwidya. Grija Katolikos lan Grija-grija Protestan p...

Kapaksan ing Agama Nasrani

Agama Nasrani uwis ngrasakake saperangan papêcah saka jaman sidang wiwitan nganti jaman saiki. Papecah kang ana amarga prakara kang warna-warna kayata kalamwidya (akidah), tedhak bañjur apostolos, adiwidya, kakuwasan biskop, lan sapanunggalane. Papêcah kang paling utama yaiku nalika Grija Ortodhoksi lan Grija Katolikos pêcah ing taun 1045 lan bañjur uga mêcah Yuropah dadi rong laladan yaiku wetan lan kulon, miturut grijane kanthi umum. Ing Yuropah uga ana papêcah maneh yaiku antaraning Grija Katolikos lan Grija Protestan ing abad 15. Papecah kang ana bañjur nggawe kapaksan anyar. Ananging, saperangan grija jaman saiki ana kang ora gêlêm mêlu kapaksan ngêndi wae ananging manawa katlisik kapracayane lumrahe kalêbu kapaksan Protestan. Kapaksan utama grija Nasrani yaiku Grija Wetan, Grija Ortodhoksi Oriyental, Grija Ortodhoksi, Grija Katolikos, lan Grija Protestan. Kajaba iku ana uga grija-grija kang kanggêp bidaah dening grija-grija utama lan ora kanggêp grija Nasrani. Ing kapaksan ...

Grija Wetan Kuna

Grija Wetan Kuna uga kasêbut Grija Apostolos lan Bausarwa (katolikos) Suci Kuna saka Wetan iki mulane kadêgan dening Toma Darmo lan kababonan ing Baghdad Irak. Grija Wetan Kuna mêcah saka Grija Assur Wetan ing taun 1964 amarga saperangan prakara kayata ngênani patanggalan Gregori kang kanggo ing Grija Assur Wetan. Prathelan Pustaka: https://en.wikipedia.org/wiki/Ancient_Church_of_the_East

Grija Assur Wetan

Grija Assur Wetan uga kasêbut Grija Suci, Apostolos, lan Bausarswa (katolikos) Assur Wetan yaiku grija kang kalamwidya (akidah) lan grijawidyane nganut cara Grija Wetan. Grija iki nganut cara sêmbahyang Mar Adday lan Mar Mari kang kalêbu cara sêmbahyang Suriyah Wetan. Basa kang dinggo utamane basa Suriyah utama Aram Wetan lan para panganute saka wangsa Assur. Prathelan Pustaka: https://en.m.wikipedia.org/wiki/Assyrian_Church_of_the_East

Grija Ortodhoksi Oriental

Grija Ortodhoksi Oriental yaiku pakumpulan kabiskopan grija-grija kang ana ing Armeniyah, Mêsir, Eritreyah, Etiyopi, Sudan, Barata, lan laladan Wetan Tengah liya ingkang kalamwidyane (akidahe) miyapisitismos. Grija Ortodhoksi Oriyental mêcah saka Grija Kraton Bijantin Rum nalika Sidang Kalsedhon ing taun 451. Grija iki bañjur kababonake ana ing kutha Aleksandriyah Mêsir kanthi salah sawijining tilas pañcabiskop. Grija Ortodhoksi Oriyental ngrêteni saperangan cara sêmbahyang yaiku cara sêmbahyang Armeniyah, Suriyah Kulon, lan Aleksandriyah. Prathelan Pustaka: https://en.m.wikipedia.org/wiki/Oriental_Orthodoxy

Grija Ortodhoksi

Grija Ortodhoksi kajupuk saka tembung Ellas yaiku /ortodoksia/ kanthi têgês jêjêg utawa bênêr. Kalamwidya (akidah) Grija Ortodhoksi adhadhasar Sahadat Nikayah. Grija Ortodoksi ngajarake yen grijane ingkang Tunggal, Suci, Bausarwa (katolikos) lan Apostolos kadegan dening Isa Al Masih dene biskope yaiku tedhak banjuring para apostolos. Grija ortodhoksi pracaya yen grijane nindakake / solahgawe kapracayan Nasrani wiwitan lan kawêdhunake kanthi adat suci. Dene kabiskopane yaiku tilasing pañcabiskop jaman wiwitan. Grija Ortodhoksi lan Grija Katolikos tunggal komuni nganti papecah nalika taun 1054 amarga saperangan kapracayan lan kakuwasan biskop Rum. Sadurunge, Grija Ortodhoksi uga tunggal komuni karo Grija Wetan (Church of the East) nganti taun 431 lan karo grija ortodhiksi oriyental nganti taun 451. Grija Ortodhoksi awujud pakumpulan saka kabiskopan kang ana dene antaraning kabeh biskop ora ana kang luwih kuwasa. Ananging, biskop kostantinopolis luwih dikurmati lan kanggep pambarep de...

Grija Ortodoksi Suriyah

Grija Ortodoksi Suriyah (Basa Suriyah Kawi: ܥܺܕܬܳܐ ܣܽܘ̣ܪܝܳܝܬܳܐ ܬܪܺܝܨܰܬ ܫܽܘ̣ܒ̣ܚܳܐ‎, cara Latin: ʿIto Suryoyto Triṣaṯ Šuḇḥo; Basa Arab: الكنيسة السريانية الأرثوذكسية‎) kang uga kasebut Kabiskopan Ortodoksi Suriyah lan Kabeh Wetan yaiku salah sawiji grija ortodhoksi oriyental kang swakwasa, dening Severus saka Antakya taun 518 M. kang kaprabawan dening Yakkub Bardeyus lan niti kababadane katug jaman apostolos Simon lan Paul. Cara sembahyang sing kanggo yaiku saka Santo Yakobus kang dadi bapa agama ing Yêrusalem. Cara sembahyang kalakon ing basa Suriyah. Biskop kang saiki sewaka yaiku Ignatius Aphrem III saka taun 2014 ing Katedral Santo Gorgiyus kutha Damaskus. Aji kang dinggo yaiku Alkitab jinis Pesittah, dene akidah kang dianut yaiku miyapitismos. Sadulur grija kang ana ing Barata yaiku Grija Cara Yakobus Malankara lan Grija Ortodhoksi Malankara. Prathelan Pustaka https://en.m.wikipedia.org/wiki/Syriac_Orthodox_Church